Minggu, 29 November 2009

Ngubah ing Basa Krama

Nyinau basa Jawi kanthi rasa seneng.
Katah kang ngomong menawi basa Jawa iku angel. Malah wonten uga kang kagungan pamikir Manawa sinau basa Jawa iku luwih angel katimbang kaliyan sinau basa Manca. Kamangka ingkang kagungan pamikir mau inggih tiyang asli Jawa. Pripun kok saget mangkono ?Menawi bener basa Jawa iku angel tenan ?Omonge tiyang sepuh sakbenere basa jawa iku ora angel. Menawi didamel angel yo terus dados angel tenan. Basa Jawa dianggep angel amargi ning basa Jawa wonten ingkang diarani udha-usuk utawi unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa mau diperang dados sekawan. Ngoko lugu, ngoko alus, kromo lugu lan kromo alus. Saking unggah-ungguh basa cacah papat mau ingkang kanggep gampang dhewe inggih punika ngoko lugu. Basa ngoko lugu kathah diagem ing bebrayan Jawa, diagem kanggo pacelathon tiyang sepuh marang tiyang nom utawi bocah, uga kagem guneman bocah kkaliyan bocah, utawi tiyang sepuh marang tiyang sepuh ingkang sampun raket srawunge.
Dene unggah-ungguh basa ingkang dianggep angel inggih punika basa kromo alus, amargi kathah ngapalake tembung-tembung,mligi tembung ingkang kagem maca tumprap tiyang sepuh. Babagan udha-usuk utawi unggah-ungguh basa mau tumprap para siswa saget sinau ingkang sak jeroning piwulang basa Jawa kang wiwitan.
Wiwit wonten keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa Jawa, basa Jawa terus dados piwulang wajib ingkang diparingke wonten pawiyatan-pawiyan wiwit tataran SD(Sekolah Dasar) nganti tutuk SMA(Sekolah Menengah Atas). Saderengipun wonten Keputusan Gubernur kasebut wulangan basa Jawa mung kanggo tambah-tambah, mung diwulangke wonten tataran SD ngantos SMP. Saniki basa Jawa dipun paringi kelonggaran mirunggan mirunggan, muga-muga mawon saget njalari basa Jawa dados kathah sanget, mboten ajeg mrihatinke.
kathah para nimpuna basa ingkang sami ngomongyen sejatine ingkang njalari basa Jawa dados mrihatinke iku mboten liyayo saka wong Jawa dhewe. Saperangan gedhe wong Jawa ora ngulinakake mawa basa Jawa kang urip sakmbendinane. Sakmbendinane basa Jawa ora ringkes, kurang komunikatif lan liya-liyane. Nyatane wektu iku akeh kulawarga Jawa anggone pada gula wentah anake ora nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu, sanajan asli wong Jawa nagging kaya-kaya wis podho lali tumprap basa Jawa. Buktine rikolo duwe anak wiwit lahir anake wis dikulinakake nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakake amang basa Jawa.
Dadi akeh anak padha ora dong tumprap basa Jawa apa meneh unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu mau padha omong yen kang jaman teknologi sarwo maju iku basa jawaora pathi perlu lan maneh saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mula milih nganggo basa Indonesia wae kang omonge luwih gampang. Pamikir mau ana benere nanging uga akeh salahe. Wes dingerteni kang akeh bilih basa Jawa iku ora mung bisa kanggo serawungan wae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo gula wenthah babagan tata karma, sopan santun, lan budi pekerti tumprap para bocah.
Kanthi ngulinakake nganggo basa Jawa, supaya para bocah mau bisa akeh duweni tata krama kang apek, tuprap unggah-ungguhe basa. Basa Jawa iku tetep duweni kebecikan menawa katandingke karo basa Liyane. Matur nuwun .
Kanggo conto aku tau maca salh sijiing rubrik pendhidhikan ing buku Jawa Baya, kang nyebutake yen tembung-tembung ing basa Jawa iku apik-apik. Lagi anggone ngucapke waeora karo tembung-tembung ing basa liyane. Upamane tembung”Maturnuwun” anggone ngucapake kudhu kanti sabar.
Dhewe karo anggone ngucapake tembung Thank you, terima kasih, kamsia kang bisa diucapake kanthi banter utawa sora. Basa Jawa bisa disinau mawacara kang warno-warno, kaya kang isih tansah kula lakoni. Cara-cara mau upamane, bisa sinau karo buku-buku basa Jawa ing sekolahan mligi para siswa, menawa nemoni bab-bab kang ora cetha kudhu wani njaluk ngerti marang bapa utawa ibu guru basa Jawa.
Kanggo sing durung ngerti kalawarti lan ariwarti basa Jawa iku isine werna-werno, wiwit dongeng kanggo para bocah, kabudayan, kasusastran, dumugi para masastra kabeh ana. Kanthi kerep maca wacan basa Jawa mau ora krasa serepan kita bab basa Jawa bisa mundhak sakwise seneng maca, menawa ketemu bab-bab kang kurang cetha bisa njaluk ngerti tumprap marang wong tuwa kang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan jawa, lumprahe wong tuwa mau nyata pinter tenan. Sabanjure prekoro kasil lan ora anggone sinau basa Jawa mau gumantung marang pribadine dewe-dewe. Kan wigati sadurunge wiwit sinau basa jawa akeh dhisik kudu duwe niat kang prigel lan dilandesi rasa seneng marang basa Jawa. Nglakoni panggawean opo wae menawa dilandesi rasa seneng lumprahe temtu arep nekakake asil kang apik lan nyenengake. Luwih becik menawa wong kang wis kodrate dadi wong Jawa, ayo padha nduweni rasa seneng marang basa Jawa. Sapa maneh kang kudu nyenegi menawa ora wong Jawa dewe. Yo aku karo sira kabeh.

Selasa, 28 Juli 2009

TUGAS BAHASA JAWA

1. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
    Kala wingin kula mersani tiyang kathah wonten teng Pabrik, pas kula tangklet tiyang wonten       napa teng pabrik. Terene teng pabrik wonten lowongan prakaryan.
2. Arep nangkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
    Pak Kardi kepengen kagungan griya ingkang ageng, namung Pak Kardi mboten purun                   nyambut damel. Namung Pak kardi senengane 
3. Ana catur mungkur = Ora seneng nyampuri urusaning liyan
    Arman kaliyan Andi kagungan rencang asmanipun Adi, namung Arman kaliyan Andi kagungan     masalah, namung Adi mboten purun nyampuri urusanipun Arman kaliyan Andi.
4. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk warah marang wong nom
    Kala dalu mbake kula nyuwun warah caranipun ndamel email, amargi mbake kula kagungan         tugas sakeng sekolahanipun ingkang ndamel email.
5. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
    Mbak sashi niku tiyang pinter menawi teng sekolahan gampil nampi pelajaran ingkang                   diajarke sakeng Bapak utawi Ibu guru, kaliyan enggal saget.
6. Kakehan gludug kurang udan = kakehan omong nanging ora ana bukine
    Pak Arman karemenanipun inggih punika ngomong-ngomong kaliyan rencang-rencangipun           nek menawi pak Anton badhe tumbas montor, TV lan liya-liyane. Namung ngantos sakniki           dereng wonten barang-barang ingkang di tumbas pak Anton.
7. Criwis cawis = Akeh alesan nanging gelem nindakake
    Adhek kula yen di dawuhi ibu nyapu mesti adhek wonten mawon alasanipun, kados badhe             nggarap PR lan tasih katah malih, namung adhek tetep nyapu mbok menawi kathah                       alesanipun.
8. Nambong laku = Ethok-ethok ora ngerti
    Bu Indah inggih punika tangginipun Bu Era. Menawi bu Indah kagungan masalah, lan bu Era         saged mbantu namung bu Era ethok-ethok mboten ngertos.
9. Katon cempaka sewakul = Disenengi wong akeh
    Ina putrinipun Pak Wardi inggih punika anak ingkang gadah tatakrama ingkang sae kaliyan           wong tuwanipun kaliyan kagungan kepinteran ingkang sae teng sekolahan, nemawi perkara         niku, Ina inggih disenengi tiyang katah.
10. Kacang mangsa ninggala jalaran = kelakuhane anak akeh-akeh niru wong tuwane
      Pak Adi kagungn putra naminipun Ardi, Ardi inggih punika anak ingkang manut kalaeh wong       tuwanipun lan kagungan tatakrama ingkang sae. Lan Ardi kagungan watak ngoten niku                 sakeng wong tuwanipun inggih punika Pak Adi. 
11. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
     Ardi kagungan adhik naminipun Nani, pas sampun dewasa Nani sampun riyen dipun pinang          kaliyan garwanipun, namung ingkng Ardi dereng minang calon garwanipun piyambak.
12. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur                       panguwasane
     Pak Wandi ingguh punika lurah, namung Pak Wandi karemenanipun inggih punika mrentah-        mrentah pegawe ingkang jabatanipun sak ngandapipun Pak Wandi.
13. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
     Kala wingi teng dusung kula wonten tiyang tukaran namung sing tukaran inggih punika cah          SD kaliyan cah SMA.
14. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
     Anto nyolon arta kagunganipun Dewi, namung Anto ndaleh Risky ingkang nyolong. Saya                dangu Anto kenten alasan pas di tangkletipu kliyan Guru. Lan sidane Anto jujur ingkang sing        nyolong artanipun Dewi inggih punika Anto. Lan Riski mboten wonten buktinipun mbok                menawi Riski ingkang nyolong artanipun Dewi.
15. Asu marani gepuk = njarak marani bebaya
    Tanggi kulak ala wingi mersani dangdut, tanggi kula sampun ngertos nek wonten tiyang                  tukaran, menawi sok kendhel tanggi kula marani tiyang tukaran. Mboten ngertos malah                tanggi kula ingkang nderek digebuki tiyang kathah.
16. Idu didilat maneh = Njabel gunem kang wis kewetu
     Bapakipun Cowpi maringi arta teng Cowpi. Namun dereng wonten sedinten arta seng                      diparengke cowpi disuwun maleh kalih bapakipun lan artanipun mboten digantos.
     Mbidhung api rawang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuh
17. Cebol nggayuh lintang = wong duwe penggayuh kang mokal kecandhake
     Ali kagungan kejerepan inggih punika kepengen dados polisi, nanging, Ali duwuripun kirang.          Ali sampun usaha saben dinten namung Ali mboten saged duwur-duwur.
18. Genthong umos = Ora bisa nyimpen wadi
     Andri sering crita ing Nandi pekawis masalah pribadinipun. Andri nyuwon supados Nandi              mboten crita teng teng rencang-rencang ipun Andri. Namun Nandi crita teng rencang-                  rencangipun Andri pekawis pribadinipun Andri.
19. Digarokake dilukokake = dikon nyambut gawe abot
     Lina putrinipun Pak Wandi mbok menawi dikenkeng nyapu mesti nolak lan mboten purun            nglakoni.
20. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
     Bu Indah kagungan putra inggih punika Ali. Ali karemenanipun inggig punika montor-                    montoran teng margi umum. Bu Indah sampun maringi nasehat teng Ali namun Ali mboten          mirengke. Ali dawah saking motor lan mlebet griya sakit. Astanipun Ali wonten ingkang tugel.      Sakniki Ali sampun mboten saged montor-montoran maleh. Lan astanipun Ali mboten saged        supados rumiyen

Minggu, 26 Juli 2009