Minggu, 29 November 2009

Ngubah ing Basa Krama

Nyinau basa Jawi kanthi rasa seneng.
Katah kang ngomong menawi basa Jawa iku angel. Malah wonten uga kang kagungan pamikir Manawa sinau basa Jawa iku luwih angel katimbang kaliyan sinau basa Manca. Kamangka ingkang kagungan pamikir mau inggih tiyang asli Jawa. Pripun kok saget mangkono ?Menawi bener basa Jawa iku angel tenan ?Omonge tiyang sepuh sakbenere basa jawa iku ora angel. Menawi didamel angel yo terus dados angel tenan. Basa Jawa dianggep angel amargi ning basa Jawa wonten ingkang diarani udha-usuk utawi unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa mau diperang dados sekawan. Ngoko lugu, ngoko alus, kromo lugu lan kromo alus. Saking unggah-ungguh basa cacah papat mau ingkang kanggep gampang dhewe inggih punika ngoko lugu. Basa ngoko lugu kathah diagem ing bebrayan Jawa, diagem kanggo pacelathon tiyang sepuh marang tiyang nom utawi bocah, uga kagem guneman bocah kkaliyan bocah, utawi tiyang sepuh marang tiyang sepuh ingkang sampun raket srawunge.
Dene unggah-ungguh basa ingkang dianggep angel inggih punika basa kromo alus, amargi kathah ngapalake tembung-tembung,mligi tembung ingkang kagem maca tumprap tiyang sepuh. Babagan udha-usuk utawi unggah-ungguh basa mau tumprap para siswa saget sinau ingkang sak jeroning piwulang basa Jawa kang wiwitan.
Wiwit wonten keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa Jawa, basa Jawa terus dados piwulang wajib ingkang diparingke wonten pawiyatan-pawiyan wiwit tataran SD(Sekolah Dasar) nganti tutuk SMA(Sekolah Menengah Atas). Saderengipun wonten Keputusan Gubernur kasebut wulangan basa Jawa mung kanggo tambah-tambah, mung diwulangke wonten tataran SD ngantos SMP. Saniki basa Jawa dipun paringi kelonggaran mirunggan mirunggan, muga-muga mawon saget njalari basa Jawa dados kathah sanget, mboten ajeg mrihatinke.
kathah para nimpuna basa ingkang sami ngomongyen sejatine ingkang njalari basa Jawa dados mrihatinke iku mboten liyayo saka wong Jawa dhewe. Saperangan gedhe wong Jawa ora ngulinakake mawa basa Jawa kang urip sakmbendinane. Sakmbendinane basa Jawa ora ringkes, kurang komunikatif lan liya-liyane. Nyatane wektu iku akeh kulawarga Jawa anggone pada gula wentah anake ora nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu, sanajan asli wong Jawa nagging kaya-kaya wis podho lali tumprap basa Jawa. Buktine rikolo duwe anak wiwit lahir anake wis dikulinakake nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakake amang basa Jawa.
Dadi akeh anak padha ora dong tumprap basa Jawa apa meneh unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu mau padha omong yen kang jaman teknologi sarwo maju iku basa jawaora pathi perlu lan maneh saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Mula milih nganggo basa Indonesia wae kang omonge luwih gampang. Pamikir mau ana benere nanging uga akeh salahe. Wes dingerteni kang akeh bilih basa Jawa iku ora mung bisa kanggo serawungan wae. Luwih saka iku basa jawa uga bisa kanggo gula wenthah babagan tata karma, sopan santun, lan budi pekerti tumprap para bocah.
Kanthi ngulinakake nganggo basa Jawa, supaya para bocah mau bisa akeh duweni tata krama kang apek, tuprap unggah-ungguhe basa. Basa Jawa iku tetep duweni kebecikan menawa katandingke karo basa Liyane. Matur nuwun .
Kanggo conto aku tau maca salh sijiing rubrik pendhidhikan ing buku Jawa Baya, kang nyebutake yen tembung-tembung ing basa Jawa iku apik-apik. Lagi anggone ngucapke waeora karo tembung-tembung ing basa liyane. Upamane tembung”Maturnuwun” anggone ngucapake kudhu kanti sabar.
Dhewe karo anggone ngucapake tembung Thank you, terima kasih, kamsia kang bisa diucapake kanthi banter utawa sora. Basa Jawa bisa disinau mawacara kang warno-warno, kaya kang isih tansah kula lakoni. Cara-cara mau upamane, bisa sinau karo buku-buku basa Jawa ing sekolahan mligi para siswa, menawa nemoni bab-bab kang ora cetha kudhu wani njaluk ngerti marang bapa utawa ibu guru basa Jawa.
Kanggo sing durung ngerti kalawarti lan ariwarti basa Jawa iku isine werna-werno, wiwit dongeng kanggo para bocah, kabudayan, kasusastran, dumugi para masastra kabeh ana. Kanthi kerep maca wacan basa Jawa mau ora krasa serepan kita bab basa Jawa bisa mundhak sakwise seneng maca, menawa ketemu bab-bab kang kurang cetha bisa njaluk ngerti tumprap marang wong tuwa kang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan jawa, lumprahe wong tuwa mau nyata pinter tenan. Sabanjure prekoro kasil lan ora anggone sinau basa Jawa mau gumantung marang pribadine dewe-dewe. Kan wigati sadurunge wiwit sinau basa jawa akeh dhisik kudu duwe niat kang prigel lan dilandesi rasa seneng marang basa Jawa. Nglakoni panggawean opo wae menawa dilandesi rasa seneng lumprahe temtu arep nekakake asil kang apik lan nyenengake. Luwih becik menawa wong kang wis kodrate dadi wong Jawa, ayo padha nduweni rasa seneng marang basa Jawa. Sapa maneh kang kudu nyenegi menawa ora wong Jawa dewe. Yo aku karo sira kabeh.