Minggu, 30 Mei 2010

Mbangun Singasari

           Sawijining dinten wonten tiyang ing kang asmanipun Ken Arok. Ken Arok sampun kagungan garwa asmanipun Ken Umang. Sawijining dinten, wonten perang antara prajurit Ken Arok. Banjur Ken Arok misahakan.
           Sewektu Tunggul Ametung kaliyan Ken Dedes ing dalemipun Ken Arok, Ken Arok kaliyan prajuritipu kesengsem marang Ken Dedes. Garwanipun Ken Arok panas atinipun banjur ngamuk-ngamuk marang Ken Arok.
           Saklajengipun Ken Arok pesen keris marang Empu Gandring. Sakwektu kerisipun dereng dados, Ken Arok ngeyel supados kerisipun diparengaken. Sakwektu kerisipun sampun dibeta Ken Arok, KenArok ngampilaken keris mau ing Kebo Ijo. Prajuritipun kebo Ijo taken ing Kebo Ijo,”Niki kerisipun sinten?” kerisipun Ken Arok. Saklajengipun Ken Arok mendet keris wau kengge mejahi Tunggul Ametung. Nanging ingkang pikantuk tuduhan mejahin Tunggul Ametung inggih punika Kebo Ijo. Banjur Kebo Ijo dipun pejahi Ken Arok.
           Banjur Ken Arok kaliyan Ken Dedes akrami, garwanipun Ken Arok dados seliripun Ken Arok.

Selasa, 06 April 2010

PIDATO PAMITAN HAJI

Assalamualaikum Wr Wb
Para sesepuh ingkang kinurmatan, kula unjuken syukur kaliyan Gusti Allah ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kula panjenengan sedaya.
Kula makili sedaya warga matur ngarsanipun Pak Amir, ingkang kaping setunggal kula lan sedaya warga unjuken muji syukur dene Pak Amir medal haji. Ingkang kaping kaleh kula lan warga tansah nderek mangayubagya tindakipun Pak Amir dados haji mabrur lan ingkang kaping tiga, kula lan sedaya warga nyuwun pangapunten kaliyan Pak Amir.Mugi-mugi ing tanah suci dipun paringi seger waras.
Cekap semanten lan kula nyuwun pangapunten ingkang wonten kalepatan. Wassalamualaikum Wr Wb