1. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Kala wingin kula mersani tiyang kathah wonten teng Pabrik, pas kula tangklet tiyang wonten napa teng pabrik. Terene teng pabrik wonten lowongan prakaryan.
2. Arep nangkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Pak Kardi kepengen kagungan griya ingkang ageng, namung Pak Kardi mboten purun nyambut damel. Namung Pak kardi senengane
3. Ana catur mungkur = Ora seneng nyampuri urusaning liyan
Arman kaliyan Andi kagungan rencang asmanipun Adi, namung Arman kaliyan Andi kagungan masalah, namung Adi mboten purun nyampuri urusanipun Arman kaliyan Andi.
4. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk warah marang wong nom
Kala dalu mbake kula nyuwun warah caranipun ndamel email, amargi mbake kula kagungan tugas sakeng sekolahanipun ingkang ndamel email.
5. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
Mbak sashi niku tiyang pinter menawi teng sekolahan gampil nampi pelajaran ingkang diajarke sakeng Bapak utawi Ibu guru, kaliyan enggal saget.
6. Kakehan gludug kurang udan = kakehan omong nanging ora ana bukine
Pak Arman karemenanipun inggih punika ngomong-ngomong kaliyan rencang-rencangipun nek menawi pak Anton badhe tumbas montor, TV lan liya-liyane. Namung ngantos sakniki dereng wonten barang-barang ingkang di tumbas pak Anton.
7. Criwis cawis = Akeh alesan nanging gelem nindakake
Adhek kula yen di dawuhi ibu nyapu mesti adhek wonten mawon alasanipun, kados badhe nggarap PR lan tasih katah malih, namung adhek tetep nyapu mbok menawi kathah alesanipun.
8. Nambong laku = Ethok-ethok ora ngerti
Bu Indah inggih punika tangginipun Bu Era. Menawi bu Indah kagungan masalah, lan bu Era saged mbantu namung bu Era ethok-ethok mboten ngertos.
9. Katon cempaka sewakul = Disenengi wong akeh
Ina putrinipun Pak Wardi inggih punika anak ingkang gadah tatakrama ingkang sae kaliyan wong tuwanipun kaliyan kagungan kepinteran ingkang sae teng sekolahan, nemawi perkara niku, Ina inggih disenengi tiyang katah.
10. Kacang mangsa ninggala jalaran = kelakuhane anak akeh-akeh niru wong tuwane
Pak Adi kagungn putra naminipun Ardi, Ardi inggih punika anak ingkang manut kalaeh wong tuwanipun lan kagungan tatakrama ingkang sae. Lan Ardi kagungan watak ngoten niku sakeng wong tuwanipun inggih punika Pak Adi.
11. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
Ardi kagungan adhik naminipun Nani, pas sampun dewasa Nani sampun riyen dipun pinang kaliyan garwanipun, namung ingkng Ardi dereng minang calon garwanipun piyambak.
12. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
Pak Wandi ingguh punika lurah, namung Pak Wandi karemenanipun inggih punika mrentah- mrentah pegawe ingkang jabatanipun sak ngandapipun Pak Wandi.
13. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
Kala wingi teng dusung kula wonten tiyang tukaran namung sing tukaran inggih punika cah SD kaliyan cah SMA.
14. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Anto nyolon arta kagunganipun Dewi, namung Anto ndaleh Risky ingkang nyolong. Saya dangu Anto kenten alasan pas di tangkletipu kliyan Guru. Lan sidane Anto jujur ingkang sing nyolong artanipun Dewi inggih punika Anto. Lan Riski mboten wonten buktinipun mbok menawi Riski ingkang nyolong artanipun Dewi.
15. Asu marani gepuk = njarak marani bebaya
Tanggi kulak ala wingi mersani dangdut, tanggi kula sampun ngertos nek wonten tiyang tukaran, menawi sok kendhel tanggi kula marani tiyang tukaran. Mboten ngertos malah tanggi kula ingkang nderek digebuki tiyang kathah.
16. Idu didilat maneh = Njabel gunem kang wis kewetu
Bapakipun Cowpi maringi arta teng Cowpi. Namun dereng wonten sedinten arta seng diparengke cowpi disuwun maleh kalih bapakipun lan artanipun mboten digantos.
Mbidhung api rawang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuh
17. Cebol nggayuh lintang = wong duwe penggayuh kang mokal kecandhake
Ali kagungan kejerepan inggih punika kepengen dados polisi, nanging, Ali duwuripun kirang. Ali sampun usaha saben dinten namung Ali mboten saged duwur-duwur.
18. Genthong umos = Ora bisa nyimpen wadi
Andri sering crita ing Nandi pekawis masalah pribadinipun. Andri nyuwon supados Nandi mboten crita teng teng rencang-rencang ipun Andri. Namun Nandi crita teng rencang- rencangipun Andri pekawis pribadinipun Andri.
19. Digarokake dilukokake = dikon nyambut gawe abot
Lina putrinipun Pak Wandi mbok menawi dikenkeng nyapu mesti nolak lan mboten purun nglakoni.
20. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
Bu Indah kagungan putra inggih punika Ali. Ali karemenanipun inggig punika montor- montoran teng margi umum. Bu Indah sampun maringi nasehat teng Ali namun Ali mboten mirengke. Ali dawah saking motor lan mlebet griya sakit. Astanipun Ali wonten ingkang tugel. Sakniki Ali sampun mboten saged montor-montoran maleh. Lan astanipun Ali mboten saged supados rumiyen
Selasa, 28 Juli 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar